KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG KANGGÉ MANJANGAKÊN YUSWÅ WONTȆN ING SȆRAT YUSWÅ WIDÅDÅ

Ancasing panalitèn mênikå kapérang dados gangsal, (1) ngandharakên deskripsi naskah såhå teks SYW, (2) ndamel alih tulis teks SYW, (3) ndamêl suntingan teks SYW, (4) ndamêl terjemahan teks SYW, (5) ngandharakên piwulang kanggé manjangakên yuswå wontên ing salêbêting teks SYW.Panalitѐn tumraping teks...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Aliadi, Miko
Format: Thesis
Language:English
Published: 2018
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/69203/
http://eprints.uny.ac.id/69203/1/E-Jurnal%20Skripsi%20Miko%20GASSS.pdf
Description
Summary:Ancasing panalitèn mênikå kapérang dados gangsal, (1) ngandharakên deskripsi naskah såhå teks SYW, (2) ndamel alih tulis teks SYW, (3) ndamêl suntingan teks SYW, (4) ndamêl terjemahan teks SYW, (5) ngandharakên piwulang kanggé manjangakên yuswå wontên ing salêbêting teks SYW.Panalitѐn tumraping teks SYW mênikå ngginakakên metode panalitѐn filologi modern såhå metode panalitѐn deskriptif. Metode panalitѐn filologi modern dipunginakakên kanggé naliti teks SYW ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå cithak. Wondéné metode panalitѐn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên kawontênanipun naskah, ngandharakên lampahing panalitѐn filologi, såhå ngandharakên isining teks SYW. Sumber data panalitѐn mênikå inggih naskah SYW koleksi Perpustakaan Muséum Dewantara Kirti Griya Yogyakarta kanthi nomêr koleksi Bb. 1.259. Caranipun ngêmpalakên data ngginakakên lampahing panalitѐn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah såhå teks, alih tulis teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisisteks. Cårå anggѐnipun ngêsahakên data ngginakakên validitas såhå reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå validitas semantik. Wondéné reliabilitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater.Asiling panalitèn tumrap teks SYW wontên gangsal bab. Sêpisan, asiling deskripsi naskah såhå teks SYW, kawontênanipun naskah taksih saé, sagêd dipunwaos kanthi cêthå, såhå teks sinêrat mawi aksårå Jåwå cithak. Kalih, asiling alih tulis teks SYW ngginakakên metode transkripsi såhå transliterasi. Asiling transkripsi dipundamêl sami kaliyan teks ingkang diputliti, amargi wujuding aksårå mênikå sami kados naskah cithak biasanipun. Kapanggihakên ugi sêratan aksårå Jåwå ingkang wujudipun botên kados biasanipun, atêgês wujudipun mênikå balok utawi wujudipun aksårå mênikå sarwå siku. Lajêng asiling transliterasi såhå ingkang kaping tigå inggih suntingan teks kapanggihakên kalih têmbung ingkang dipun-sunting. Sakawan, asiling terjemahan teks, kapanggihakên wontên 29 têtêmbungan mênåpå déné ukårå ingkang kasêrat ing cathêtan terjemahan. Gangsal, isining teks inggih mênikå piwulang kanggé manjangakên yuswå, kapanggihakên wontên 6 piwulang, inggih mênika sakawan ingkang awujud sarat, lajêng kalih awujud pêtungan, antawisipun: (1) sampun drêmbå, (2) sampun bruwah utawi brancah, (3) sampun anganiåyå, dhusthå tuwin cidrå dhatêng pamêngkuning garwå, (4) sampun ngantos anggarwå wanitå ingkang kirang sêmbådå, (5) pétungan dintên saé såhå awon adhêdhasar jam ing salêbêting dintên, (6) pétungan wanci ingkang kêdah kasirik bilih badhé awor jiwå amijѐkakên putrå. Piwulang kawruh yuswå widådå mênikå sagêd dipunginakakên wontên ing pagêsanganing manungså ing jaman samênikå.