REGISTER GRIYA ADAT JAWI ING KECAMATAN KALIANGKRIK KABUPATEN MAGELANG

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken wujud register saha fungsi register griya adat Jawi ing kecamatan Kaliangkrik Kabupaten Magelang. Panaliten menika katindakaken awit ing Kecamatan Kaliangkrik taksih kathah griya adat Jawi ingkang taksih ngadeg saha awit taksih kathah tiyang ingkang awi...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Arroghibi, Imamuddin
Format: Thesis
Language:English
Published: 2013
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/25773/
http://eprints.uny.ac.id/25773/1/Imamuddin%20Arroghibi%2009205244004.pdf
Description
Summary:Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken wujud register saha fungsi register griya adat Jawi ing kecamatan Kaliangkrik Kabupaten Magelang. Panaliten menika katindakaken awit ing Kecamatan Kaliangkrik taksih kathah griya adat Jawi ingkang taksih ngadeg saha awit taksih kathah tiyang ingkang awis-awis mangertos register ing griya adat Jawi. Jinising panaliten menika panaliten deskriptif, data panaliten menika tetembungan griya adat Jawi, wondene sumber datanipun wonten narasumber masarakat Kaliangkrik minangka sumber data primer saha data sinerat kangge sumber data sekunder. Pirantos panalitenipun panaliti piyambak minangka human instrument kabiyantu pirantos sanes inggih menika pedoman wawancara, perekam suwanten, kamera, saha pirantos nyerat. Cara ngempalaken data kanthi wawancara, pengamatan, saha dokumentasi. Analisis data ngginakaken teknik analisis data deskriptif kanthicak-cakan identifikasi, klasifikasi, interpretasi saha inferensi. Validitas saha reliabilitas data ngangge triangulasi. Asiling panaliten ingkang sampun katindaaken kapanggihaken tetembungan ingkang kalebet register griya adat Jawi ing Kecamatan Kaliangkrik Kabupaten Magelang ingkang magepokan kaliyan; (1) cakrik griya (2) nama balunganing griya (3) nama peranganing griya saha (4) nama papanipun ingkang gunggung cacahipun 80 istilah. Data kapanggihaken saking asil wawancara kaliyan sekawan narasumber, fungsi register wonten kalih inggih menika instrumental saha informasi. Wujud saha fungsi kaandharaken sesarengan awit wujud saha fungsinipun nggadhahi sesambetan ingkang raket, awit saking punika saged nggampilaken anggenipun ngandharaken. Panyebutipun istilah-istilah wonten griya adat Jawi ing Kecamatan Kaliangkrik saperangan boten sami kaliyan ing wilayah sanes kadosta ;santog, ampal, gonggagan saha sanesipun. Panaliten menika ngadharaken wujud saha fungsi register griya adat Jawi ing Kecamatan Kaliangkrik Kabupaten Magelang kangge sarana nambah kawruh tumrap pamaos utaminipun paramudha ingkang wanci menika kathah ingkang boten mangertos wujud saha fungsi istilah-istilah ing griya adat Jawi.