TETANDHINGAN STRUKTURAL WONTEN ING SERAT PRANATJITRA RARA MENDUT (ANONIM) KALIYAN NOVEL KATRESNAN DONJA AKERAT ANGGITANIPUN K M

Panaliten menika ancasipun ngandharaken tetandhingan struktural mliginipun tema saha fakta cariyos wonten ing Serat Pranatjitra Rara Mendut (Anonim) kaliyan novel Katresnan Donja Akerat anggitanipun K M Sastrasoemarta. Wujud panaliten menika dipunrembag kanthi madosi unsur intrinsik ingkang sami sah...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Puspitasari, Dian Anggraini
Format: Thesis
Language:English
Published: 2013
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/25104/
http://eprints.uny.ac.id/25104/1/Dian%20Anggraini%20Puspitasari%2009205241035.pdf
Description
Summary:Panaliten menika ancasipun ngandharaken tetandhingan struktural mliginipun tema saha fakta cariyos wonten ing Serat Pranatjitra Rara Mendut (Anonim) kaliyan novel Katresnan Donja Akerat anggitanipun K M Sastrasoemarta. Wujud panaliten menika dipunrembag kanthi madosi unsur intrinsik ingkang sami saha beda antawisipun kalih karya sastra menika. Cara panaliten inggih menika ngginakaken sastra tetandhingan. Subjek panaliten inggih menika Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat kanthi nginakaken cara panaliten sastra tetandhingan. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Instrumen wonten ing panaliten inggih menika kertu data. Data ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunanalisis mawi cara etik. Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas ketekunan pengamatan saha panyeratan. Asiling panaliten nedahaken: (1) wonten tema ingkang sami saha beda antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat saminipun inggih menika lestarining katresnan, bedanipun inggih menika perkawis saha pepalang tumrap katresnanipun paraga utami. Tema tambahan antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika pangudinipun paraga utami (2) alur ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika alur majeng, bedanipun inggih menika perkawis wonten ing urutan aluripun (3) panggaraping paraga ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat ngengingi saperangan watakipun paraga utami saha paraga tambahan sarta nasibipun paraga utami, bedanipun ngengingi nama sarta saperangan watakipun paraga utami saha paraga tambahan (4) latar ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika latar swasana, bedanipun inggih menika andharan ngengingi swasana kadadosan saderengipun paraga utami gesang sesarengan, swasana kadadosanipun nalika paraga utami gesang sesarengan, saha swasana pejahipun paraga utami.