STRUKTUR MELODIK TUTURAN PARAGA GAMBIR SALABETING REKAMAN CERKAK “SETENGAH ATI SETENGAH MATI”

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken kados pundi wujud struktur melodik tuturan paraga Gambir salebeting rekaman cerkak Setengah Ati Setengah Mati dening Risang Y Sugiyana. Struktur melodik ingkang dipuntliti wonten tigang jinis, inggih menika (1) struktur melodik modus pawarta, (2) strukt...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Meilantika, Rinda Putri
Format: Thesis
Language:English
Published: 2014
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/24839/
http://eprints.uny.ac.id/24839/1/Rinda%20Putri%20Meilantika%2009205241069.pdf
Description
Summary:Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken kados pundi wujud struktur melodik tuturan paraga Gambir salebeting rekaman cerkak Setengah Ati Setengah Mati dening Risang Y Sugiyana. Struktur melodik ingkang dipuntliti wonten tigang jinis, inggih menika (1) struktur melodik modus pawarta, (2) struktur melodik modus pitakon, saha (3) struktur melodik modus pakon. Panaliten mujudaken panaliten deskriptif kanthi ngandharaken kados pundi wujud struktur melodik tuturan paraga Gambir salebeting rekaman cerkak Setengah Ati Setengah Mati dening Risang Y Sugiyana menika adhedhasar titikanipun. Data panaliten menika awujud rekaman pamaosan cerkak dening Risang Y Sugiyana. Caranipun ngempalaken data kanthi teknik semak-cathet. Anggenipun ngempalaken data ngginakaken software Praat kanthi ngethok suwanten, damel stylising, textGrid saha alir nada. Gegayutan kalihan cara menika, panaliten menika ngginakaken pirantining panaliten awujud software Praat kangge mbiyantu anggenipun damel digitalisasi suwanten, saha ngginakaken kertu data kangge nggampilaken anggenipun damel analisis. Ing panaliten menika data dipunanalisis kanthi damel digitalisasi gelombang suwanten saking data salajengipun dipunanalisis kanthi mahyakaken titikaning struktur melodik ing saben tuturan miturut jinis modus. Wondene cara ngesahaken data kanthi validitas semantis, reliabilitas stabilitas saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngemot saperangan dudutan. Wujud struktur melodik ing saben tuturan mujudaken titikan ingkang boten sami, sedaya adhedhasar konteks cariyos. Ewa semanten ing saben jinis modus saged kaperang dados kalih inggih menika alir nada sansaya inggil saha alir nada sansaya andhap. Modus pawarta alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +29,57 Hz utawi +3,95 st. Modus pawarta alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -15,01 utawi -1,83 st, saha alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +57,44 Hz utawi +7,59 st, alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -64,29 Hz utawi -9,38 st. Wondene modus pakon alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +30,41 Hz utawi +3,70 st, saha alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -65,36 Hz utawi -8,07 st.