REPETISI ANAFORA WONTEN ING KEMPALAN GEGURITAN BOJONEGORO ING GURIT ANGGITANIPUN PAMARSUDI SASTRA JAWI BOJONEGORO (PSJB)

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken wujud, gina, saha maknanipun perangan repetisi anafora wonten ing kempalan geguritan Bojonegoro Ing Gurit anggitanipun Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif kanthi pendhekatan kualitatif. Data panali...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Manggarmoyo, Tulus
Format: Thesis
Language:English
Published: 2014
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/24771/
http://eprints.uny.ac.id/24771/1/Tulus%20Manggarmoyo%2009205244050.pdf
Description
Summary:Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken wujud, gina, saha maknanipun perangan repetisi anafora wonten ing kempalan geguritan Bojonegoro Ing Gurit anggitanipun Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif kanthi pendhekatan kualitatif. Data panaliten inggih menika ngengingi wujud, gina, saha maknanipun perangan repetisi anafora. Sumber data-nipun inggih menika 20 geguritan ingkang kapendhet saking kempalan geguritan Bojonegoro Ing Gurit anggitanipun Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Data panaliten menika dipuntliti kanthi analisis strukturalisme-semiotik. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara maos saha nyathet. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis, saha validitas expert-judgement. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intra-rater. Data ngengingi repetisi anafora wonten ing 20 geguritan ingkang dipun-analisis saged dipunandharaken kados menika: (1) wujud repetisi anafora. Wujudipun repetisi anafora kaperang dados tigang warni, inggih menika; (a) larik, (b) tembung, saha (c) kempalan tembung. Wujud repetisi anafora ingkang langkung kathah kapanggihaken inggih menika wujud tembung. (2) Ginanipun perangan repetisi anafora.(2) Ginanipun perangan repetisi anafora ingkang kapanggihaken wonten nem warni, inggih menika kangge nengenaken gagasan tumrap; (a) paraga, (b) pangajeng-ajeng, (c) tumindak, (d) kawontenan, (e) papan, saha (f) wekdal. Saking nem gina kasebat ingkang langkung kathah kapanggihaken inggih menika nengenaken gagasan tumrap pangajeng-ajeng. Lajeng ingkang kaping (3) Maknanipun perangan repetisi anafora wonten ing kempalan geguritan BIG anggitanipun PSJB menika saged suka katrangan ingkang mligi ngengingi kados pundi makna saking geguritan kasebat, perangan-perangan repetisi anafora mliginipun ingkang awujud larik, saged njumbuhaken antawisipun irah-irahan geguritan kaliyan wosipun saking satunggalipun geguritan, amargi limrahipun repetisi anafora awujud larik menika migunakaken tetembungan ingkang sami kaliyan irah-irahan geguritan kasebat.