TEMBUNG ARAN ANDHAHAN WONTEN ING CARIYOS PARA ABDI SAMI CECATURAN ANGGITANIPUN MAS NGABEHI WASESA PANGRAWIT

Panaliten menika gadhah tigang ancas. Ancas ingkang sapisan, panaliten menika kangge ngandharaken pandhapuking tembung aran andhahan wonten ing cariyos Para Abdi Sami Cecaturan. Kaping kalih, panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken teges wuwuhan ingkang ndhapuk tembung aran andhahan salebe...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Wicaksono, Danu
Format: Thesis
Language:English
Published: 2014
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/19983/
http://eprints.uny.ac.id/19983/1/Danu%20Wicaksono%2010205244023.pdf
Description
Summary:Panaliten menika gadhah tigang ancas. Ancas ingkang sapisan, panaliten menika kangge ngandharaken pandhapuking tembung aran andhahan wonten ing cariyos Para Abdi Sami Cecaturan. Kaping kalih, panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken teges wuwuhan ingkang ndhapuk tembung aran andhahan salebeting cariyos Para Abdi Sami Cecaturan, saha ingkang kaping tiga panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken produktifitas wuwuhan salebeting cariyos Para Abdi Sami Cecaturan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika cariyos Para Abdi Sami Cecaturan anggitanipun Mas Ngabehi Pangrawit. Data saking panaliten menika awujud tembung aran andhahan. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data dipungarap kanthi cara analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori, lajeneg realibilitasipun inggih menika realibilitas stabilitas, supados data asiling panaliten menika ajeg. Asiling panaliten menika kaandhareken pangrimbagipun tembung aran andhahan, teges, saha produktifitas wuwuhan ingkang ndhapuk tembung aran andhahan. Wuwuhan ingkang ndhapuk tembung aran andhahan wonten 8 jinis, inggih menika {pa-}, {paN-}, {pra-}, {pi-}, {-an}, {-e}, {pa-/-an}, {ka-/-an}. Wuwuhan {pa-} gadhah makna perangan ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun. Wuwuhan {paN-} gadhah makna ingkang dipun-D. Wuwuhan {pra-} gadhah fungsi mbentuk tembung aran. Wuwuhan {pi-} gadhah makna ingkang dipun-D-aken. Wuwuhan {-an} gadhah makna panggenan ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, nirokaken utawi kados ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, perangan ingkang sifatipun kados ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, asiling tumindak ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, saha piranti kangge nindakaken menapa ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun. Wuwuhan {-e} gadhah makna kepemilikan tartemtu. Wuwuhan {pa-/-an} gadhah makna panggenan ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, perangan ingkang dipun-D, piranti kangge nindakaken menapa ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, proses nindhakaken menapa ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun, saha panggenan ingkang gayut kaliyan menapa ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun. Wuwuhan {ka-/-an} gadhah makna perangan ingkang dipunsebataken wujud dhasaripun. Wuwuhan ingkang paling roduktif inggih menika wuwuhan {-e}.