PANDHAPUKING TEMBUNG ANDHAHAN WONTEN PANYANDRA MANTEN JAWI ING BUKU GATI WICARA ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA

Ancasing panaliten menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan saha ngandharaken makna tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Jinising panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Wujud data panaliten inggih menika tembung, mligini...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Lestari, Alun
Format: Thesis
Language:English
Published: 2015
Subjects:
Paa
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/18198/
http://eprints.uny.ac.id/18198/1/Alun%20Lestari%2010205244056.pdf
Description
Summary:Ancasing panaliten menika ngandharaken pandhapuking tembung andhahan saha ngandharaken makna tembung andhahan wonten panyandra manten Jawi ing buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Jinising panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Wujud data panaliten inggih menika tembung, mliginipun tembung andhahan dene sumbering data inggih menika buku Gati Wicara anggitanipun Suwardi Endraswara. Cara anggenipun ngempalaken data panaliten kanthi cara maos saha nyerat. Piranti ingkang dipunginakaken migunakaken tabel analisis data saha piranti pambiyantu kertu data. Anggenipun ngesahaken data migunakaken validitas saha reliabilitas. Validitas dipuntindakaken kanthi triangulasi teori saha validitas ahli. Dene reliabilitas ingkang dipunginakaken kanthi reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken wonten 65 pola pandhapuking tembung andhahan kadhapuk saking ater-ater, seselan, panambang saha wuwuhan sesarengan. Variasi-nipun menika antawisipun:{A- /BD}, {A-/U-}, {A-/Up-}, {a-/BD}, {a-/Up}, {ma-/BD}, {ma/Up-}, {sa-/BD}, {sa-/Up-}, {maA-/BD}, {ka-/BD}, {ka-/Up-}, {di-/BD}, {ke-/BD}, {paA-/BD}, {paA-/U-},{pi-/BD}, {pra-/BD}, {kami-/ BD}, {dak-/Up-}, {-um-/BD}, {BD/-um-/-Up},{BD/-in-}, {BD/U-/-in-}, {BD/-in-/Up-}, {BD/-er}, {BD/-el-}, c) {BD/-a}, {BD/-e},{BD/Up-/-e}, {BD/-ipun}, {BD/U-/-ipun}, {BD/-an}, {BD/U-/-an}, {BD/Up-/-an},{BD/-aken}, {BD/Up-/-ake}, {BD/-ing}, {BD/Up-/-ing}, {BD/U-/-ing},{BD/-ira}, {BD/-nira}, {BD/-nya}, {BD/-an/-ing}, {BD/-an/-ipun}, {BD/-an/-nira},{BD/A-/-i}, {BD/ka-/-na}, {BD/ka-/-ipun}, {BD/ka-/-ing}, {BD/ka-/aken}, {BD/paA-/-an}, {BD/pa-/-an}, {BD/pa-/-ane}, {BD/dipun-/-i}, {BD/ sa-/-e}, {BD/sa-/-ing}, {BD/sa-/Up-/-ipun}, {BD/ kami-/-en}, {BD/pan-/-e}, {BD/paA-/-ing}, {BD/paA-/-ipun}, {BD/ka-/-ana}, {BD/ka-/-a}, {BD/ka-/-e}, {BD/ka-/-nira}, {BD/ke-/-nya}, {BD/kuma-/-ing}, {BD/A-/-na}, {BD/A-/U-/-na}, {BD/ng-/-nira}, {BD/ng-/-ing}, {BD/Up-/ha-/-i}, {BD/-in-/-an}, {BD/-um-/-e}, {BD/-um-/-ing}, {BD/sa-/-an}, {BD/sa-/-ipun}, {BD/pi-/-ipun}, {BD/dak-/-i}, {BD/ dak-/-ake}, {BD/a-/Up-/-an}, {BD/pang-/-an/-ing} saha {BD/ka-/-an/-ipun}. Sedaya proses pandhapuking tembung andhahan menika dipunginakaken kangge ndapuk tembung susastra. Makna ingkang kapanggihaken menika variatif, cacahipun wonten 23 makna inggih menika nindakaken pakaryan, ngandharaken kawontenan, panggenan, sipat, kagungan, ngewrat, cacah/gunggung, sami kados wujud dhasar, kenging kados wujud dhasar, raos, tiyang, piranti, samukawis, kesalingan (resiprokal), pangajab, ngandharaken pengandaian, tartemtu, keanekaan, sesulih, wekdal, pakon, bab tartemtu, paring kados wujud dhasar, saha kausatif.