KRITIK SOSIAL SAJRONE ANTOLOGI CERKAK LINTANG ALIT ANGGITANE SUMONO SANDY ASMORO :TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

Abstrak Antologi Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro ngandhut kritik sosial kang onjo. Kritik sosial iku kaandharake panganggit ngenani kahanan sakiwa tengene. Kritik sosial kasebut diandharake dening panganggit migunakake basa sing endah lan neges. Kritik sosial kang ana ing Antologi Cerkak...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: WIRAMUSTIKA YUDHA, TATAG
Format: Article in Journal/Newspaper
Language:English
Published: UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA 2014
Subjects:
Online Access:https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/9014
Description
Summary:Abstrak Antologi Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro ngandhut kritik sosial kang onjo. Kritik sosial iku kaandharake panganggit ngenani kahanan sakiwa tengene. Kritik sosial kasebut diandharake dening panganggit migunakake basa sing endah lan neges. Kritik sosial kang ana ing Antologi Cerkak Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro iki bakal ditintingi kanthi migunakake tintingan sosiologi sastra. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye kritik sosial sajrone antologi cerkak Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro? (2) kepriye gegayutane kritik sosial sajrone antologi cerkak Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro tumprap kanyatan ing panguripan masyarakat?. Saka underane panliten iku mau panliten iki nduweni ancas (1) ngandharake kritik social sajroning antologi cerkak Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro. (2) ngandharake gegayutane kririk social sajroning antologi cerkak Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro tumprap kanyatan ing panguripan masyarakat. Dene paedahe panliten iki yaiku (1) tumprap Sastra Jawa Modern, panliten iki bisa nduweni paedah kanggo nyengkuyung pangrembakane ilmu sastra mligine ngenani sosialogi sastra sajrone karya sastra, (2) tumprap panliti, panliten iki mujudake piranti kanggo ngecakake kawruh lan katrampilan kang wis ditampa nalika ing bangku kuliah, (3) tumprap pamaos, asile panliten iki muga-muga bisa didadekake dalan kanggo mangerteni lan nintingi daya apresiasi tumprap karya sastra, mligine ngenani sosiologi sastra, (4) tumprap piwulangan sastra, panliten iki bisa kanggo bahan piwulang apresiasi sastra ing sekolahan. Panliten iki migunakake rantaman metode deskriptif kualitatif kang kapandhu dening tintingan sosiologi sastra. Sumber dhata yaiku sewelas cerkak kang ana ing antologi Lintang Alit anggitane Sumono Sandy Asmoro. Dene dhata panliten yaiku tembung, frase, lan ukara kang ngemu kritik sosial masyarakat. Cara ngumpulake dhata yaiku nemokake unit analisis, nemtokake sampel, lan nyathet dhata. Sajrone ngolah dhata tumuju tintingan sosiologi sastra kabantu dening analisis struktur kang dipunjerake marang tema, dene perangan liyane digunakake kanggo nyengkuyung madege tema. Kritik sosial kang ana ing antologi Lintang Alit iki ngandharake ngenani (1) kritik tumprap korupsi, (2) kritik tumprap pawongan kang maling, (3) kritik tumprap panguwasa kang tumindak nabok nyilih tangan, (4) kritik tumprap tumindak culika, (5) kritik tumprap ngiwakake budaya Jawa, (6) kritik tumprap rajapati, (7) kritik tumprap tumindak asusila, lan (8) kritik tumprap tumindak apus-apus. Kata Kunci: kritik sosial, sosiologi sastra, cerkak.