TINDAK KRIMINAL SAJRONE NOVEL SREPEG TLUTUR ANGGITANE TIWIEK SA (Tintingan Sosiologi Sastra)

Tindak kriminal dadi tema kang paling onjo sajrone novel Srepeg Tlutur anggitane Tiwiek SA. Tindakkriminal nduweni teges, yaiku kabeh kang nglanggar ukum utawa tumindak durjana. Sajrone novel ST anggitaneTiwiek SA ana tindak kriminal kang ngrugekake banget tumrap awake dhewe kang nindakake tindak kr...

Full description

Bibliographic Details
Main Authors: MANDALA YUDHA SIREGAR, DAVID, SULISTIANI, SRI
Format: Article in Journal/Newspaper
Language:English
Published: UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA 2019
Subjects:
Ora
Online Access:https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/26933
Description
Summary:Tindak kriminal dadi tema kang paling onjo sajrone novel Srepeg Tlutur anggitane Tiwiek SA. Tindakkriminal nduweni teges, yaiku kabeh kang nglanggar ukum utawa tumindak durjana. Sajrone novel ST anggitaneTiwiek SA ana tindak kriminal kang ngrugekake banget tumrap awake dhewe kang nindakake tindak kriminal,kulawarga, lan wong liya. Tindak kriminal kang ana sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA iki bakal ditintingikanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra.Adhedhasar andharan kasebut bisa dijupuk underane panliten yaiku, (1) kepriye gegambarane tindakkriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA? (2) faktor apa wae kang njalari tindak kriminal sajrone novelST anggitane Tiwiek SA? (3) apa akibat saka tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA? (4)kepriye sesambungane tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA karo kahanan tindak kriminal ingbebrayan masyarakat? Saka underan panliten kasebut nduweni ancas, (1) njlentrehake gegambarane tindakkriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA, (2) njlentrehake faktor apa wae kang njalari tindak kriminal, (3)njlentrehake akibat saka tindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA, (4) njlentrehake sesambunganetindak kriminal sajrone novel ST anggitane Tiwiek SA karo kahanan tindak kriminal ing bebrayan masyarakat.Paedahe panliten iki yaiku, (1) tumrap panliti, panliten iki minangka sarana kanggo ngecakake ilmu, kawruh lanketrampilan kang wis ditampa ing bangku kuliyah gegayutan marang tintingan sosiologi sastra, (2) tumrappamaca, bisa nambah kawruh lan bisa dadi sarana aweh piwulang ngenani tindak kriminal sajrone bebrayan, (3)tumrap sastra Jawa modern, bisa dadi sarana panyengkuyung anggone ngrembakakake telaah sastra, mliginesosiologi sastra sajrone karya sastra, (4) asil panliten iki diajab bisa dadi salah sijine referensi kanggo panlitensabanjure.Panliten iki kalebu panliten kualitatif sing nggunakake tintingan sosiologi sastra. Metodhe singdigunakake arupa analisis dheskriptif. Sumber dhatane panliten iki yaiku novel ST anggitane Tiwiek SA lanpawarta ing internet. Cara nglumpukake dhata yaiku nemtokake unit analisis, nemtokake dhata, lan nyathetdhata.Adhedhasar asile analisis dhata sing nggunakake tintingan sosiologi sastra, bisa didudut menawa temasajrone novel ST anggitane Tiwiek SA yaiku tindak kriminal. Tindak kriminal sajrone novel ST iki ngandharakengenani (1) tumindak ruda peksa, (2) tumindak ora gelem tanggung jawab, (3) tumindak ngancam, (4) tumindakkorupsi, (5) tumindak nerak kasusilan, (6) tumindak apus-apus, (7) tumindak pemerasan. Tumindak kriminalsajrone novel ST iku ana sesambungane karo tumindak kriminal kang ana ing bebrayan masyarakat. Faktor kangnjalari tumindak kriminal yaiku 1) Faktor saka dhiri pribadi (1) faktor kabutuhan seksual, (2) faktor emosi, lan(3) faktor frustasi; 2) faktor saka sanjabane dhiri pribadi (1) faktor ekonomi, lan (2) faktor lingkungan.Tembung wigati : Tindak Kriminal. Novel, Sosiologi Sastra