BASA JAWI WALIKAN ING DHUKUH GANDON DHUSUN BALEGONDO KECAMATAN NGARIBOYO KABUPATEN MAGETAN

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujuding saha cak – cakanipun basa jawi walikan. Basa jawi walikan ingkang dipunandharaken inggih menika basa jawi walikan ingkang wonten ing Dhukuh Gandon Dhusun Balegondo Kecamatan Ngariboyo Kabupaten Magetan. Panaliten menika kalebet panaliten des...

Full description

Bibliographic Details
Main Author: Apriadikari, Chory
Format: Thesis
Language:English
Published: 2013
Subjects:
Online Access:http://eprints.uny.ac.id/25103/
http://eprints.uny.ac.id/25103/1/Chory%20Apriadikari%2009205241017.pdf
Description
Summary:Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujuding saha cak – cakanipun basa jawi walikan. Basa jawi walikan ingkang dipunandharaken inggih menika basa jawi walikan ingkang wonten ing Dhukuh Gandon Dhusun Balegondo Kecamatan Ngariboyo Kabupaten Magetan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung basa Jawi walikan. Subjek panalitenipun inggih menika panutur ingkang ngandharaken basa jawi walikan. Cara kangge manggihaken data inggih menika kanthi metode simak ingkang dipunjangkepi mawi teknik sadap. Data dipunanalisis kanthi deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujuding saha cak – cakanipun basa Jawi walikan ing Dhukuh Gandon Dhusun Balegondo. Kangge ngesahaken data dipunginakaken validitas saha reliabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujuding saha cak – cakanipun basa Jawi walikan ing Dhukuh Gandon Dhusun Balegondo Kecamatan Ngariboyo Kabupaten Magetan. Wujuding basa Jawi walikan ingkang kapanggihaken inggih menika wujud 1: basa Jawi walikan ingkang wanda sepisanipun boten mati saha kadhapuk saking tembung kalih wanda kanthi wuwuhan (O), (N), saha (NG); wujud 2: basa Jawi walikan ingkang wanda sepisanipun mati saha kadhapuk saking tembung kalih wanda kanthi wuwuhan (O), (N), saha (NG); wujud 3: basa Jawi walikan ingkang wanda sepisanipun boten mati saha kadhapuk saking tembung tigang wanda kanthi wuwuhan (O), (N), saha (NG); wujud 4: (wujud setunggal dipunwuwuhi ater – ater); wujud 5: (wujud kalih dipunwuwuhi ater – ater); wujud 6: (wujud setunggal dipunwuwuhi panambang); wujud 7: (wujud kalih dipunwuwuhi panambang); wujud 8: (wujud setunggal dipunwuwuhi ater – ater saha panambang); wujud 9: (wujud kalih dipunwuwuhi ater – ater saha panambang); wujud 10: (wujud setunggal dipuntambah wujud setunggal); wujud 11: (wujud kalih dipuntambah wujud kalih). Cak – cakanipun inggih menika dipunginakaken dening tiyang ingkang sesambetanipun akrab, tiyang ingkang taksih setunggal kulawarga, saha tiyang ingkang padamelanipun sami. Sasanesipun menika dipunginakaken kangge nedahaken solah bawa saha pangrasaning manah; nyingidaken sawijining prakawis; ngandharaken panyaruwe; ndadosaken lucu; ngalusaken tembung ingkang kasar supados dados langkung alus; saha ngandharaken pasemon.